Selasa, 21 Oktober 2014

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA

Latihan Soal Bahasa Jawa kelas 9

1.       Crita draman sing lumakune mundur diarani...
a.       Alur
b.      Plot
c.       Flash back
d.      Setting

2.       Pacelathon ing crita drama diarani...
a.       Prolog
b.      Dialog
c.       Monolog
d.      Epilog


3.       Purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog diarani...
a.       Epilog
b.      Prolog
c.       Dialog
d.      Monolog

4.       Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan yaiku....
a.       Saloka
b.      Bebasan
c.       Drama
d.      Paribasan

5.       Rebut balung tanpa isi.
Unen-unen ing dhuwur kalebu ing....
a.       Bebasan
b.      Paribasan
c.       Saloka
d.      Geguritan

6.       Tembang gedhe uga diarani tembang...
a.       Dolanan
b.      Kawi
c.       Dhagelan
d.      Macapat

7.       Cacahe wanda saben sak gatra diarani....
a.       Guru lagu
b.      Guru gatra
c.       Guru wilangan
d.      Saka guru

8.       Aksara murda iku cacahe ana...
a.       5
b.      6
c.       7
d.      4

9.       Ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kajaba...
a.       Sinom
b.      Mijil
c.       Pucung
d.      Menthog-menthog

10.   Atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake diarani....
a.       Wasana basa
b.      Surasa basa
c.       Purwaka
d.      Dudutan

11.   Wong sing mimpin lan ngatur lumakune crita drama diarani....
a.       Paraga
b.      Sutradara
c.       Casting
d.      Mimic

12.   Perangan pidhato iku iku kudu nyakup kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba....
a.       Isi
b.      Pambuka
c.       Panutup
d.      Donga

13.   Dasanama yen ing basa Indonesia kasebut....
a.       Sinonim
b.      Homonym
c.       Homofon
d.      Homogram

14.   Cacahe aksara swara ana....
a.       4
b.      5
c.       6
d.      7

15.   Dasanama nduweni teges...
a.       Tegese kabehe sepuluh
b.      Duwe teges padha
c.       Duwe teges sepuluh
d.      Duwe teges akeh

16.   Gong lumaku tinabuh.
Unen-unen ing dhuwur kalebu ing....
a.       Bebasan
b.      Paribasan
c.       Saloka
d.      Geguritan

17.   Aksara murda kanggo nulis....
a.       Jeneng manca
b.      Tembung manca
c.       Jeneng kanggo pakurmatan
d.      Kabeh jawaban salah

18.   Guru gatra ing tembang macapat ‘mijil’ cacahe ana....
a.       4
b.      5
c.       6
d.      10

19.   Tembang macapat kang nduweni watak kang susah utawa sedhih yaiku....
a.       Pucung
b.      Maskumambang
c.       Mijil
d.      Gambuh

20.   Yen lagi pidhato, becike kudu....
a.       Ora kesusu
b.      Nggatekake intonasi
c.       Nggatekake ekspresi
d.      Kabeh jawaban bener

21.   Tembang macapat iku uga diarani tembang....
a.       Tembang gedhe
b.      Tembang cilik
c.       Tembang kawi
d.      Tembang dhagelan

22.   7u, 10u, 12i, 8u, 8o iku paugerane tembang....
a.       Gambuh
b.      Megatruh
c.       Pucung
d.      Mijil

23.   Guru gatrane tembang sinom ana...
a.       7
b.      8
c.       9
d.      10

24.   Cacahe gatra saben sakpada diarani....
a.       Guru wilangan
b.      Guru lagu
c.       Guru gatra
d.      Saka guru

25.   Aksara rekan yen entuk sandhangan pepet, mula cecak telu manggon ing...
a.       Satengahe
b.      Sandhuwure
c.       Sakiwane
d.      Sanjerone

26.   Tembang kang watake seneng, tresna asih, nuladani, yaiku tembang....
a.       Pucung
b.      Kinanthi
c.       Pangkur
d.      Sinom

27.   Pucung, kaluwak, wanda, iku sasmitane tembang....
a.       Maskumambang
b.      Pucung
c.       Mijil
d.      Pangkur

28.   Gunane aksara swara yaiku kanggo....
a.       Nulis asma
b.      Pakurmatan
c.       Nulis tembung manca kang kacethakake
d.      Kabeh jawaban salah

29.   Crita kang isi bab asal-usule pangginan diarani....
a.       Dongeng
b.      Mite
c.       Legenda
d.      Cerbung

30.   Perangane laying kang nyebutake marang sapa laying ditujokake diarani....
a.       Wasana basa
b.      Purwaka basa
c.       Surasa basa
d.      Adangiyah


Tidak ada komentar:

Posting Komentar